djajus pete

djajus pete

Djajus Pete pengarang nyentrik klairan Ngawi tanggal 1 Agustus 1948 iki dadi guru SD Negeri ing laladan Kab Bojonegoro. Nate kedhapuk dadi Ketua Umum Dewan Kesenian Bojonegoro masa bhakti taun 2001-2004. Wiwit taun 1971 pengarang iki enggone lelumban ing jagading penulisan crita cekak kanthi serius. Kasebut mengkono awit nduweni bobot kang anteb. Cerkake kang asesirah kakus antuk hadiah sastra saka majalah Panjebar Semangat minangka cerkak terbaik saka sawernane cerkak kang kapacak ing majalah Pajebar Semangat minangka cerkak terbaik saka sawernane cerkak kang kapcaka ing majalah Panjebar Semangat wiwit taun 1993 tekan 1997. Cerkak Tikus Lan Kucinge Penyair antuk hadiah sastra saka Sanggar Sastra Jawa Triwida, 1995. Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta aweh piagam penghargaan marang Djajus Pete minangka pengarang terbaik ing taun 1998. Cerkak Petruk lan cerkak Dasamuka nate diwaca dening pengarange ing Taman Ismail Marzuki, Jakarta taun 1999 ing acara Pentas Sastra Daerah.