AJAK-AJAK GAWE BUKU KUMPULAN ALAMING LELEMBUT

20/01/2012 13:38

Group Facebook Pengarang Majalah Basa Jawa nedya uji coba ndamel buku Kumpulan Crita Lelembut sesarengan kanthi diterbitake dhewe liwat Penerbitan Mandiri ( ora kudu ngenteni Penerbit sing gelem nerbitake). Ing mengkone ragad bakal sinangga bebarengan. Dene mengko payu dole, royalti mbakal karembug keri sing mesthi ya kepriye amrih adil lan wicaksanane.

Kena apa kok kumpulan Crita Alaming Lelembut? Kok ora crita cekak? Amarga buku kumpulan crita cekak wis akeh sing nyithak! Dene buku kumpulan Crita Alaming Lelembut isih durung patiya oleh kawigaten amarga ora kaanggep golongane sastra. Kamangka kareben golongan mudha kuwi seneng marang basa Jawa, kudune sing dianggo narik kawigaten aja sing nyastra-nyastra dhisik, nanging sing luwih disenengi wae dhisik. Kayata, Roman Remaja kanggo remaja lan crita bocah kanggo bocah cilik. Yen Kumpulan Crita Alaming Lelembut iki mengko sukses, ora ana alane yen banjur kasusul nulis bareng-bareng Kumpulan Crita Wacan Bocah lan Romansa.

Crita lembut sajake uga disenengi kabeh umur, wiwit bocah enom nganti wong tuwa. Kanyatan rubriek Crita Alaming Lelembut PS tansah dianti-anti penggemare saben njedhul. Uga ing donyane penulis basa Indonesia, kumpulan crita lelembut manggoni ing rak "best seller" ana toko buku gramedia. Apa pengarang basa Jawa ora kepengin melu-melu? Ngiras-ngirus nyebarake nulis lan ngarang nganggo basa Jawa

Ketentuan:

1. Sapa wae sing pengin gabung enggal daftar kanthi ngisi dhewe ing nomor urut peserta ana berkas iki/ https://www.facebook.com/groups/sanggartriwida/docs/.

2. Ngirim naskah crita alaming lelembut 2 kang dumadi saka crita anyar 1 lan crita kang wis nate kapacak 1. Crita kang wis nate kapacak kudu diwenehi katrangan sumbere sing cetha, tuladha: Panjebar Semangat No....edisi .........20...

3. Naskah crita dawane bebas, pokoke ora dawa-dawa banget ( mengko dikira crita sambung)

4. Naskah bisa kakirim menyang pesbuk https://www.facebook.com/groups/sanggartriwida/docs/ utawa kaemailake menyang: edytriwida@gmail.com

5. Crita kang paling apik bakal kaanggo irah-irahane buku kumpulan crita lelembut iki

6. Ampun kesupen, naskah dipunkantheni biodata penulis.

Dene para penulis kang wis saguh Nulis Bareng Buku Crita Lelembut:

1. Edy S.Triwida - Trenggalek

2. Deny Eko Setyawan-Tulungagung

3. Risdian Galuh R-Tulungagung

4. Zuly Kristanto-Tulungagung

5. Tangguh Hestu Wibawa-Ponorogo

6. Al Aris Purnomo

7.