JASA NERBITAKE BUKU

Bukubukujawa.webnode.com kanthi migunakake jeneng Penerbitan JAWANE BUKU bisa mbiyantu sapa wae kang kepengin nerbitake karya-karya karangan mawa basa Jawa ( uga BASA INDONESIA ) dadi buku tanpa merlokake ragad sing akeh. Penerbit JAWANE BUKU nganakake sesambungan marang percetakan mandiri ( POD ) kang gelem nyitak buku kanthi budget kang winates banget. Buku bisa katerbitake senajan mung siji thil. Dene aturane kaya katur ing ngisor iki:

1. Paket NGGLUNDHUNG, biaya Rp 0.-


NGGLUNDHUNG tenan! Paket NGGLUNDHUNG iki kanggo kang bisa desain dhewe lan lay out buku, sarta bisa ngedit naskah bukune dhewe. Panjenengan kudu ngirimake naskah ing wujud file PDF lan desain cover ana format file TIF/PSD kanthi resolusi 300 dpi, layers mode. Ukuran buku kanggo paket NGGLUNDHUNG iki 13 x 19 Cm. Dawane naskah paling akeh 150 kaca kang wis dadi ana ukuran 13 X 19 Cm.

Paket NGGLUNDHUNG iki :
Ora ana proses penyuntingan aksara (mbenerake salah ketik, lly)
Ora ana penyuntingan kanggo nyocogake isi
Ora ana ISBN
Ora antuk conto buku bukti terbit.

Wajib tuku bukune paling sithik 5 exp

Kabantu pemasarane ana blog iki lan lumantar jejaring maya liyane 

 

2. PAKET MURAH MUNG Rp.100.000;-

 

Panjenengan mung ngirimake naskah ana ing file MS WORDS wae. Dene pihak JAWANE BUKU bakal:

1. nithingi naskah panjenengan mbokmenawa ana kang salah ketik,lly

2. Nggawekake cover ngarep lan mburi ( cover manut panggawene JAWANE BUKU, ora nampa pesenan )

3. Buku ora nganggo ISBN

4. Penulis bakal nampa 1 exp conto bukune

5. Buku bakal kabantu pangedole liwat maneka warna sarana, salah sijine lumantar blog iki!

6. Perhitungan bagi hasil antarane JAWANE BUKU karo penulis nggunakake perbandingan 50%:50%. Upamane penulis kepengin royalti Rp.2.500 saka saben bukune kang payu, mula JAWANE BUKU uga oleh Rp.2.500. Dadi mengko rega buku dadi rega buku net + 2.500 +2.500. Upama rega buku net Rp.30.000, mula rega ngedol buku Rp. 35.000,- ( kanggo sing tuku tambah ongkos kirim buku menyang alamat )

7. Asil pangedole buku bakal kalaporake lumantar blog iki utawa facebook saben wulane

8. Dhuwit asile royalti kanggo penulis bakal kakirim saben 3 sasi sepisan

Yen ana kang perlu disuwunake pirsa, mangga sesambetan lumantar blog https://bukubukujawa.webnode.com punika!

 

3. PAKET EKSLUSIF Rp.350.000

 

Panjenengan mung ngirimake naskah ana ing file MS WORDS wae. Dene pihak JAWANE BUKU bakal:

1. ninthingi ( ngedit ) naskah panjenengan

2. nggawekake cover ngarep lan mburi kanthi profesional ( gambar dipesen khusus)

3. buku ana ISBN

4. nampa buku 1 exp

5. buku bakal kabantu pangedole ana facebook, blog, toko buku online.

Etung-etungane royalti padha karo paket 2.

 

CONTO BUKU GARAPANE JAWANE BUKU BISA DIDELENG NANG KENE

TOKO ONLINENE JAWANE BUKU ANA KENE