Banner Horizontal 468x60

Sugeng Rawuh wonten Bukubukujawa!

Donyanipun buku-buku basa Jawa ing jaman modern iki tansaya mrihatinake. Ora ana penerbit gedhe sing gelem nyetak buku-buku basa Jawa kaya duk jaman biyen, jaman nalika Balai Pustaka isih ndlilir nyetak buku basa Jawa kanggo konsumsi perpustakaan ing sekolah-sekolah. Adoh banget uga yen katandingake jaman kuncarane "Novel Panglipur Wuyung" sing sepisan cetak wae tirase/oplahe bisa maewu-ewu. Pancen jaman nggawa lelakon dhewe-dhewe. Semono uga kanggone buku-buku basa Jawa. Mulane basa Jawa tansaya koncrit ditinggal para generasi peneruse amarga buku basa Jawa sing mesthine bisa kanggo sarana pasinaon ing saknjabane kelas arang-arang bisa ditemoni. Generasi penerus angel nemokake wacan basa Jawa sing cocog karo jiwane. Ora kaya buku-buku basa Indonesia sing maneka warna jenise saengga generasi saiki bisa milih buku apa sing disenengi. Balik buku basa Jawa, sing bisa terbit wae arang-arang kok takon werna-wernane jenis?

BUKU BASA JAWA APA ISIH ANA SING TERBIT?

Buku basa Jawa saktemene saben taun isih ana sing terbit. Mung wae katone akeh sing ora ngerti. Buku basa Jawa sing terbit saben taun iki terbit ora kanggo didol ana toko-toko buku, nanging mung kanggo ngoyak Hadhiah Sastra RANCAGE saka Yayasan Kabudayan RANCAGE kagungane Sastrawan Ajib Rosidi. Buku basa Jawa sing kasil oleh Hadhiah Rancage bakal nampa bebungah awujud dhuwit Rp.5.000.000,-. Mula playune buku-buku basa Jawa yang mug kanggo ngoyak bebana Rancage mau. Dene buku mau bisa sumrambah ana bebrayan apa ora, ya ora pati dipikir. Malah manut kasunyatan, buku-buku basa Jawa sing kasil menang lan antuk Hadhiah Rancage arang-arang sing bisa maca. Awit kanggo bisa tuku bukune wae yen ora tuku langsung menyang penulise sengara yen bisa oleh bukune.

Isih ana maneh buku basa Jawa sing terbit saben taun ( utawa malah saben semester), yaiku buku-buku pasinaon basa Jawa lan LKS kanggo siswa SD lan SMP ( amarga ing Jawa Timur pasinaon basa Jawa mung tekan SMP. Beda karo ing Jawa Tengah sing wis tekan SMA). Yen buku pasinaon isih diterbitake penerbit-penerbit gedhe amarga bathine isih lumayan lan sing tuku uga wis cetha, yaiku siswa ing sekolah-sekolah. Yen LKS sing nerbitake adate para guru basa Jawa ing saben wilayah Kabupaten.

Sawetara taun iki Paguyuban Sastra Jawa Bojonegoro ( PSJB) wis nduweni program nerbitake buku-buku wacan basa Jawa lan ya wis kasil nerbitake sawetara bukune. Mung emane yen kepengin tuku bukune ora bisa menyang toko-toko buku, nanging kudu menyang PSJB langsung.

ING TOKO BUKU KOK ORA ANA BUKU BASA JAWA?

Buku-buku wacan basa Jawa jaman saiki katone kudu sumingkir saka toko-toko buku gedhe bangsane Gramedia, Toga Mas, Uranus, lan liya-liyane. Kapara ing toko-toko buku cilik wae ya akeh ora bisa ditemoni, kejaba yen buku bangsane PEPAK BASA JAWA lan Pidhato/Pranatacara. Yen buku-buku wacan kok katone isih durung ana. Mbuh, apa merga sing arep tuku wis ora ana apa piye?

ING NGENDI YEN KEPENGIN TUKU BUKU BASA JAWA?

Saiki jamane internt, mula kanggo nggampangake tuku buku basa Jawa kudune bisa nggunakake sarana internet, yaiku kanthi online. Mula website utawa blog iki bisaa kanggo sarana tumrape para sutresna basa Jawa sing kepengin bisa ndarbeni buku wacan basa Jawa kanggo tuku buku-buku basa Jawa. Tumrape para penulis sing wis duwe buku lan kepengin ngendol bukune, bisa dititipake ing kene. 

Blog

PPOB ONLINE MURAH DAN MENGUTUNGKAN

20/01/2012 13:38
pembayaranonline.webs.com/